Sabtu, 12 Februari 2011

Mc Bhs jawa

TEKS MC BHS JAWA

Assalamu’alaikum wr. wb.

بسم الله الرحمن الرحيم الحمد لله رب العالمين و الصلاة والسلام على اشرف الانبياء و المرسلين سيدنا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين اما بعد

Ingkang kula kinurmatan al ustadz bapak harfianto. S.Ag. lan Para alim Ulama..
Poro sesepuh pinisepuh, bapak- bapak lan ibu2 ingkang tansah kawulo hormati,

Kaping sepisan monggo kulo dereaken samiyo Muji Syukur wonten ngarsani Ngayunan Dalem Gusti Allah Swt, kanti Waosan Tahmid, Alhamduliilahirobbil ‘alamiin, awit limpahan Rohmat taufiq sedhoyo Hidayahipun Allah, ing wekdal ndalu meniko kulo lan panjenengan taseh saget makempal wonten ing majlis ingkang mubarrok meniko, mugi-mugi pakempalan puniko kacatet dening Allah minongko amal kesaenan, amiin Allohumma Amiin.

Salawat serto salam mugio tansah kaunjukaken wonten ngayunan dalem Nabi Agung Muhammad SAW, mugi-mugi kito sedoyo pikantuk safa’atipun mbenjang wonten ing yaumil qiyamah, Allohumma Amin.
Hadirin-Hadirot ingkang tansah kito mulyaaken.
Monggo adicoro p’ngetan Maulid Nabi Muhammad SAW kito milai, ananging sak derengipun, keparenga kula minongko pranoto adicoro maosaken menggah runtutipun adicoro ingkang bade kalampah.

Minongko Adicoro ingkang kapisan inggih puniko Pambuko.
Adicoro ingkang kaping kalih waosan ayat-ayat suci AlQuran.
Adicoro ingkang kaping tigo Sholawat nabi.
Adicoro ingkang kaping sekawan sambutan-sambutan.
Adicoro ingkang kaping gangsal Simbolik saking basiz
Adicoro kaping enem istirahat lan pengumuman
Adicoro kaping pitu Mau’idlotul khasanah.
Adicoro ingkang pungkasan penutup kanti do’a.

Hadirin-hadirot ingkang kito mulyaaken, Monggo sesarengan pranoto kaping pisan inggih punika pambuka kito bikak waosan ummul Kitab :

Matur suwun sanget bacaan umul kiatab, mugi-mugi waosan umul kitab niki adicoro demi adicoro saged lampah kesaenan.
Kalajengaken adicoro inkang kaping kalih Wahosan ayat-ayat suci Al-Qur’an soho Shalawat Nabi Muhamamd SAW, ingkang badhe dipun astho dening ___saudara Akhmad Fauzy_ wekdal soho papan kito aturaken..

Kalijengaken adicoro ingkang kaping tigo sholawatan ingkang bade dipun pimpin dening rencang – rencang masjid al fitroh____ wekdal soho papan kito aturaken.
Kalijengaken adicoro ingkang kaping sekawan Sambutan ingkang kaping sepisan aminangkani coordinator PHBI ingkang bade dipun asto dening____bapak Marsono__________ wekdal soho papan kito aturaken.

Kalajengaken sambutan ingkang kaping kalih saking ________________ ______________ wekdal soho papan kito aturaken.

Hadirin-Hadirot rohimmakumulloh, Kito lajengaken adicoro ingkang kaping gangsal Simbolik saking basiz,ingkang dipun paringaken inggih punika bapak takmir,_________________ dumateng panjenenganipun wekdal soho papan kito aturaken.

Kalijengaken adicoro kaping enem inggih punika istirahat, kulo sumonngoaken bapak saha ibu rahabi hidangan nipun..nam

Kito lajengaken adicoro ingkang kaping pitu Mau’idlotul Khasanah soho doanipun ingkang bade dipun asto dening Bapak harfianto S. Ag______ dumateng panjenenganipun wekdal soho papan kito aturaken.

Kito lajengaken adicara pungkasan nggih punika panutup Kanti waosan doa kolonembi aminangkani paripurnanipun adicoro skholwat, saking kula sedoyo lepat awal dumugi akhir nyuwun agunging pangapunten.

Wallohul Muwaffiq Ila Aqwamit Thorieq, Wassalamu’alaikum Wr Wb.